Selasa, 14 Januari 2014

Wara-wara

wara-wara ing basa Indonesia diarani Pengumuman. Wara-wara tegese yaiku aweh kabar utawa aweh informasi marang wong liya (ing sawijing panggonan), kanthi ancas wong liya ngreti isine wara-wara.

Wujude wara-wara:
1. Lisan, wara-wara kang dibiwarake lumantar lisan utawa swara. Tuladhane lumantar media elektro kayata radio, TV, lsp
2. Tulisan, yaiku aweh weruh utawa kabar marang wong liya kang kababar lumantar tulisan. Tuladha ariwarti lan kalawarti.  

Jinise wara-wara:
1. wara-wara bab kegiyatan
2. wara-wara bab undangan
3. wara-wara bab lelayu

Bab kang prelu digatekake nalika nggawe wara-wara:
1. saka sapa wara-wara mau kababar
2. kanggo sapa wara-wara mau
3. suraane (isine) apa
4. kapan wara-wara mau digawe
5. kapan kagiyatan mau katindakake
6. ana ing ngendi mapane
7. sapa kang mandegani

Tidak ada komentar:

Posting Komentar