Cerkak (Cerita Cekak)

LUNGA TANPA UKARA
Dening: Vera Anggraeni

Wengi iki langit katon resik, rembulan sing mlengkung kae katon padhang gumebyar. Wektu semana jam 7 bengi. Tepate dina Setu, tanggal 24 Mei 2012, aku dikageti swara alarem saka Hp Nokia 2700 ku kuwi. Cepet-cepet aku mlayu menyang warnet cedhak omahku. Seneng ora karuan rasane nalika ngerti jenengku Rara Anggrian Pawestri, lolos SNMPTN neng jurusan sing taksenengi, Pendidikan Bahasa Inggris ing Universitas Negeri Yogyakarta (UNY). Kabeh kulawarga wis takwenehi ngerti, ora lali Mas Wira, pacarku.
Pacaran ku karo Mas Wira, sing jeneng wutuhe Dwi Rangga suwene wis pitung sasi.  Tepungku karo Mas Wira, nalika padha-padha melu organisasi OSIS ing SMA. Jabatane dadi wakil ketua OSIS, lan aku mung dadi MPK. Praupane pancen nggantheng, awake gedhe dhuwur, mripate katon cilik, nanging dudu sipit. Diwiwiti saka kumpul bareng, dolan bareng, SMS-an nganti tilpunan, nyatane malah nuwuhake rasa tresna. Witing tresna jalaran saka kulina. Paribasan iki trep kanggo aku lan Mas Wira.
Dreett.. dreett .. geter Hp ing duwur meja krasa banter nalika aku wis mapan meh turu. Jebule Mas Wira sing SMS nganggo basa Inggris, isi SMS-e kaya ngandharake isi atine marang aku. Aku mung ngguya-ngguyu, seneng.
“Hallo Ra, priwe deneng ora dibales-bales sih?” swara khase nggawe atiku mabur kumleyang.
“Haduh kepriwe ya mas? siki aku urung teyeng njawab gyeh mas, njaluk waktu nggo mikir lah ya? angger ngesuk baen kepriwe mas?” awakku rasane kaya wong kadhemen, ndhredheg saka mbun-mbunan nganti pucuk sikil.
“Oh kaya kuwe, ya wis ora papa, taktunggu ngesuk ya?” wangsulane santé.
Awan iki aku ora bisa mikir apa-apa, aku bingung arep menehi wangsulan apa marang Mas Wira. Jam ing kamarku wis nudhuhake jam 1. Dumadakan aku kandheg saka mondar-mandir ku iki. Takangkat tilpun saka Mas Wira.
“Hallo Ra, priwe? Wis ora sabar gyeh pengen ngerti jawabanmu. Aku temenan seneng karo kowe Ra, aku pengen kowe dadi pacarku.” tembung-tembunge mau dakanggep tembung srius. Lambeku kaya dikunci, angel rasane anggonku ngomong. Nanging suwe-suwe aku bisa ngrakit ukara.
“Mas Wira, nyuwun sewu ya, sebenere aku wegah dadi kancamu, aku mung pengen kowe dadi pacarku.” wangsulanku alon.
“Apa Ra? Brarti kowe nrima aku? Siki kowe dadi pacarku?” Mas Wira balik takon .
“Iya Mas Wira...” tembungku ngyakinake, karo mesam-mesem dhewe.
Aku lan Mas Wira saiki resmi pacaran, tepate tanggal 2 Oktober 2011, sedina sawise lebaran.
Bengi sadurunge mangkat menyang kampus UNY, aku lan Mas Wira ketemuan ing omahku.
“Mas, aku emoh adoh-adoh karo kowe, aku pengen terus ana ing sandhinge Mas Wira.” kandhaku karo sumendhe ing pundhake Mas Wira kang lagi lungguh ing sandhingku.
“Aku ya emoh, tapi kepriwe maning, wis kudune kaya kiye. Dhewek kuwe, kudu bisa nrima apa bae sing wis ditakdirna Gusti Allah. Esih kelingan mbok apa sing dadi cita-citamu ganu? Ikhlas lan sabar bae dek kuncine.” wangsulane Mas Wira nentremake atiku.
“Aku wedi, Mas Wira kasengsem wadon liyane, wadon Jawa Barat ayu-ayu maning.” ujarku kuwatir lan rada mrengut.
“Aku ya ngerti wadon Jawa Barat ayu-ayu, nanging nggo ngapa wadon ayu, wong aku ya wis duwe pacar sing manise kaya gula aren koh.” wangsulane alon, nanging nggawe aku mabur.
“Aku ya arep pamitan marang kowe dek, ngesuk aku mangkat menyang Jawa Barat.” kandhane Mas Wira karo nglirik aku.
Disekseni rembulan lan lintang, ora krasa eluh iki tumetes nelesi pundhake mas Wira. Mas Wira, pepujan atiku nerusake sekolah ana ing Jawa Barat, sing sawise lulus bisa dadi mandhor .
Esuke jam 10 awan, Ibuku sing ayu lan sabar ngeterake aku menyang panggonan anyarku utawa kos, cedhak kampus UNY sarana numpak trevel. Tekan Yogyakarta, aku wis ora nate ketemu karo Mas Wira maneh. Aku lan Mas Wira saiki wis pisah. Pisah wektu, jarak lan panggonan. Senajan mengkana, atiku lan Mas Wira ora tau pisah. Kahanan iki, malah sansaya nambah rasa kangene aku marang Mas Wira, uga sewalike. Mas Wira ing Jawa Barat manggon ana ing asrama, amargi sekolahe semi militer. Ing semester siji, dheweke kaya digembleng lan ora entuk nyekeli Hp. Esuk, awan, bengi sing ana ing fikiranku namung Mas Wira, nganti aku kaya wong stres ngarep-arep kabar saking dheweke.
“Dek, Hp ku wis dibalekna, mengko bar apel bengi Mas Wira tilpun ya, aja turu dhisit.” nangis amargi seneng nalika maca sms saking nomer sing takjenengi “A Honey” kuwi. Wis sewulan suwene aku ora tau komunikasi maneh karo dheweke, lan bengi iki dheweke ngabari aku. Kangen, jengkel, seneng dadi siji rasane. Nanging aku tetep tresna marang Mas Wira, ora preduli kepriye larane nahan kangen marang dheweke.
Sabubare apel, Mas Wira nuhoni janjine tilpun aku. Apel kuwi kegiatan rutin sing dilakokake Mas Wira saben esuk, awan lan bengi amargi wis praturan ing sekolahe.
Kahanan saiki wis beda karo biyen. Biyen nalika isih sekolah bareng, saben dina bisa ketemu, saben bengi bisa SMS-an uga bisa tilpunan karo Mas Wira. Nanging saiki, sing jenenge ketemuan kudu ngenteni preian semesteran, kurang luwih 6 sasi sepisan, SMS-an lan tilpunan ya kudu ngenteni wektu istirahate Mas Wira. Kahanan sing kaya ngene iki kerep ndadekake aku lan Mas Wira sulaya. Sing taksenengi kuwi, nalika aku lan Mas Wira bisa ngliwati kabeh prakara. Apa maneh saka masalah kuwi ndadekake aku lan Mas Wira luwih raket lan sansaya mesra.
 “Assalamualaikum …” swarane ora pangling mesthi Mas Wira.
“Waalaikumsalam …” wangsulanku.
Nalika aku weruh Mas Wira sing nganggo klambi kemeja biru, karo clana jeans gadheg ana ing ngarep lawang omahku nalika preian wis tumeka, pikiran ku sing waras ilang. Mas Wira langsung takciwit wetenge, takacak-acak rambute sing wis tumata apik. Mas Wira mung ngguya-ngguyu. Pungkasane, omahku sering kanggo sarana kangen-kangenan aku karo mas Wira. Saben ana wektu, Mas Wira ngejak aku dolan ana ing alun-alun lan mangan martabak kesenenganku karo ngenteni srengenge surup.
“Mas, apa bisa awake dhewe ngesuk urip bebarengan?” pitakonku marang Mas Wira.
“Ya mung kari donga, lan usahane dhewe dek. Aku ya pengen urip bebarengan karo kowe, nanging kabeh takpasrahake marang Allah. Angger wis jodhone, mesthi ora bakal lunga ngendi-ngendi dek.” wangsulane manteb.
Akeh kanca-kancaku sing ora percaya aku bisa nglakoni pacaran adoh-adohan, utawa yen jaman saiki dijenengi Long Distance Relationsip (LDR). Ana maneh sing ngomong yen LDR kuwi mung pacaran karo Hp, nanging ya pancen bener. Senajan mangkana, aku tetep tresna marang Mas Wira, ora ngurangi rasa tresnaku marang dheweke, malah sansaya tresna. Kahanan arang ketemu, arang komunikasi lan uga kerep sulaya, kaya-kaya wis dadi panganan saben dinane. Mangkana nganti lumaku tetaunan.
Rong taun wis lumaku. Mas Wira dinas ana ing Lombok. Wiwit saka dinas iki, mas Wira wis beda. Rong wulan ing Lombok, solah bawane marang aku wis ora kaya biasane, aneh tur kaya ora preduli maneh marang aku, dheweke wis ora tau ngabari aku maneh. Nganti kesel aku, diSMS ora tau mbales, ditilpun ora tau gelem ngangkat, jejaring sosiale uga wis ora aktif maneh. Mas Wira pepujan atiku ngilang tanpa menehi aku alesan lan katetepan sing cetha. Larane atiku wis ora karuan rasane, nanging aku kudu tetep ikhlas, nrima lan bisa nahan, nahan kabeh rasa sing ana ing jero dhadha iki. Aku kudu tetep mikirake kuliahku, wong tuwa ku lan uga mujudake cita-citaku senajan tanpa dheweke maneh.
“Angger wis jodhone, mesthi ora bakal lunga ngendi-ngendi dek.” namung tembung kuwi sing takinget-inget lan dadi kakuwatanku.

Aku isih tetep kelingan marang Mas Wira, senajan saiki aku wis dadi dhosen lan entuk gelar S.Pd, M.Pd. Nanging mbuh kapan cita-citaku sing pengen urip bebarengan karo Mas Wira bisa klakon. Ora suwe iki, aku krungu yen Mas Wira wis sukses dadi mandhor lan wis diangkat dadi PNS. Meneng-meneng aku isih nggoleki kabare, meneng-meneng aku isih ngenteni dheweke, meneng-meneng aku isih ngangeni dheweke, meneng-meneng aku isih tresna marang dheweke, lan meneng-meneng aku lara lan kuciwa. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar