Geguritan

Nresnani Tanpa Ditresnani

Wiwit dina iki
Aku mung pengen kowe ngerti
Larane atiku ora bisa ditambani
Rasane ati kaya wis mati
Ajur  lebur kaya ora ana sing duweni
Sing takrasa namung siji
Lara lan perih saka jero dhadha iki
Merga kowe sing tansah nglarani
Tanpa ngerti rasane nresnani tanpa ditresnani

Takliwati

Telung wulang wis takliwati
Takliwati tanpa ngerti sliramu maneh
Takliwati tanpa ana kabar saka awakmu maneh
Takliwati kanthi ati kang kepati-pati
Takliwati karo nahan eluh iki
Takliwati senajan lara sing takrasani
Matur suwun
Kagem lelara sing wis kokwenehi

Dudu Malaekat

Isih cetha ayang-ayangmu ning mripat
Rasa-rasane kaya kesamber kilat
Nalika ngerti janjimu mung ana ing ilat
Ndadekake aku angel menyat
Menyat saka wektu sing wis kliwat
Marang sapa anggonku sambat?
Atiku mung siji, aja kok iris dadi papat
Nanging aku kudu kuwat
Senajan aku dudu malaekat

Ora Mesthi Udan

Langit biru wis katon ireng ing duwur kae
Srengenge bali menyang panggonanne
Wit-witan padha goyang rana-rene
Godhong garing wis padha kabur kumleyang
Mendhung dadi pratandha udan meh teka
Titik-titik grimis sansaya krasa
Nanging udan ora teka-teka
Mendhung mung dadi pratandha
Nanging udan ora mesthi bakal tumeka

Srengenge ing Dina iki

Udan ing dina iki
Namung nggawe trenyuhing ati
Neng ngendi srengenge ing dina iki?
Apa wis kesel nyoroti bumi pertiwi?
Apa pancen wis ora gelem nyoroti bumi pertiwi?
Cahyamu wiwit esuk tansah setya ngancani
Ngancani lan ngeterake aku lumaku ing wengi
Cahyamu sing tansah madhangi ati
Uga nentremake bumi pertiwi
Nanging wis ora ana, wiwit dina iki


Limang Taun Kepungkur

Limang taun kepungkur
Isih cetha ing ayang-ayang ku
Nalika aku ketemu sliramu
Nalika sliramu mburu tresnaku
Nalika sliramu nggawe aku ngguyu
Nalika sliramu isih ngucapake I love you
Nanging saiki
Limang taun kepungkur mung dadi crita bisu
Crita tresnaku karo tresnamu
Kang kapisah dening wektu
Mugi-mugi tresnamu isih kanggo aku

Kang ora bisa nemu gantine sliramu


Tak Tunggu Tekamu

Sumribit angin nembus sajroning atiku
Ron-ron garing wis padha kumleyang kabur kanginan
Langit biru wis katon ireng
Nanging awakmu durung wae ketingal
Kabeh wong wis padha mlebu istanane
Kejaba aku,,
Aku isih neng kene, ing sak tengahe udan iki
Kilat katon mesem ing langit kana
Kaya-kaya menehi pawarta awakmu bakal teka
Aku isih neng kene nganti wengi kang sansaya sepi
Ngenteni cahyane pasuryanmu sing bakal madhangi wengiku
Sanajan awakku wis krasa abot

Nanging tetep taktunggu tekamu ing sak ngisore payung iki


Swiwi Angen-angen

Sliramu, iya sliramu..
Sliramu sing menehi aku swiwi angen-angen
Supaya aku bisa mabur karo slira mu
Mabur ing donya kang kowe arani katresnan
Bebarengan lumaku mangun bale wisma..
Seneng, ngguyu, nelangsa
Wis tak lakoni bareng karo sliramu..
Nanging saiki..
Swiwi mu wis suwek
Suwek katiup maruta nalika mabur
Aku ora bisa ngetutake sliramu
Sansaya adoh slira mu mabur
Mabur, lunga karo angen-angen mu
nanging dudu karo aku..



Ati Kang Keranta-ranta

Setya iku sengsara
Sengsara kang nyiksa raga
Sengsara merga dilara-lara
Sengsara merga priya ora setya

Sajroning atiku wis nandhang setya
Nanging wong liya,,,
Setya iku wuta
Wutane ati merga wong wadon liya

Aku ora kuwawa mangerteni ana selir liya
Nanging aku ora bodho
Aku luwih becik
Lan luwih perkasa



Rasa Sirna

Sarumpun kembang melathi
Nandhakake kasedihan mring lakune
Hawa atis kaganti karo panas
Rina kaganthi karo mega

Nanging atiku...
Durung kaganthi marang wong liya
Rasa iki ora bisa tak umpetake
Saya suwi saya jumbuh marang sliramu

Aku kudu tumindak apa?
Ngadepi rasa iki rasa kang wis kalawan takdir
Rasamu kang wis nyatu marang jero bumi




Banyu

 Aku bersyukur bisa nggayuh sliramu
Aku bersukur anane kahananmu
Sliramu gawe panguripan iki
Panguripan kang sejati

Kowe ana merga gusti
Gusti sang lir retna kang mujudake banyu iki
Banyu sing ora pernah mati
Banyu sng nyegerake ati
Banyu sing migunani



Mawar

 Wangimu tansah gawe bebungah ing ati
Wujudmu tansah gawe bebungah ing raga
Sumebarmu tansah gawe luluh ing rasa

mawar...
Senadyan bentukmu akeh erine
Nanging kowe saiki
Dadi pujangga anyar
pujangga kang ngraketake rasa



Wong Tuwo

nalika aku isih seger
nalika aku isih sehat
nalika aku isih lincah
aku kok tresnani

nanging saiki...
aku kok uncal-uncalake
kaya-kaya wis ora miguna
kaya-kaya wis ora sempurna

aku iki kaya alqur’an amoh
alqur’an kang suci sing kudu diajeni
aku iki...
wong tuwo kang kudu dihormati
disegani, disayangi, lan diayomi



PHP

 dina-dinaku kabalut mega
dina-dinaku kabalut rina
dina-dinaku kabalut rasa
rasa kang ora pernah teka

ning endi aku arep mlaku
ning endi aku goleki sliramu
sliramu tansah ilang saka paningalku

aku namung bisa sumeleh ing ati
nandhang rasa iki
rasa kang ana namung ing lathi



Runtuhe Bimbinganku
Dening : Liza ambarwati

Apa aku kudu ngamuk?
Apa aku kudu nesu?
Ngerteni pencitraanmu iki

Ning endi moralmu?
Ning endi etikamu?
Apa aku kudu musnahake kowe?
oh bocahku...

Dina-dinamu kabalut dusta
Dusta raga kang nyiksa
Tuturmu sing ora kuwawa
Gawe nyiksa jiwa

Kesabaran ati wis tak lampahi
Warahanku wis kok entuki
Naging kuwi mung ana ing lathi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar