Adhedhasar tembung basa
jawa bisa dibedakake dadi sepuluh, yaiku:
a.
Tembung aran b. Tembung kriya
c. Tembung sifat
d. Tembung katrangan
e. Tembung sesulih
f. Tembung wilangan
g. Tembung panggandheng
h. Tembung ancer-ancer
i. Tembung panyilah
j. Tembung panyeru
- 1. Tembung aran
Ing basa Indonesia diarani kata benda (nomina).
Tembung aran yaiku tembung kang mratelakake jenenge barang utawa apa bae kang
kaanggep barang.
Tembung aran dibedakake dadi loro:
a.
Tembung aran katon (kata benda konkret),
yaiku tembung aran kang bisa nyatakake dening pancadriya, upamane: pari, pasir,
lintang, tangan, lan sapiturute.
b.
Tembung aran tan katon (kata benda
abstrak), yaiku tembung aran kang ora bisa kanyatakake dening pancadriya,
upamane: kabudayan, ngelmu, kapinteran, bab, tembung, swasana, lan sapiturute.
- 2. Tembung kriya
Ing basa Indonesia diarani kata kerja (verba).
Tembung kriya yaiku tembung kang mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.
Tembung kriya dibedakake dadi loro:
a.
Kriya tanduk (kata kerja aktif) : kang
jejere dadi paraga kang nindakake
sawijining pakaryan.
Tuladha:
mlumpat, nulis, njawil, nyapu, nganthi, lan sapiturute.
kriya
tanduk dibedakake dadi loro:
1) Kriya
tanduk mawa lesan (kata kerja transitif)
Tembung kriya kang tansah mbutuhake
lesan: nyebeti, nulis, ngantemi, lan sapiturute.
2) Kriya
tanduk tanpa lesan
Tembung kriya kang ora butuhake lesan:
njarag, ngguyu, mangetan, lan sapiturute.
b.
Kriya tanggap (kata kerja pasif): jejer
ing ukara tanggap tansah dadi sasaran sawijining pakaryan.
Tuladha:
katutup, disaponi, sinebut, dakgawa, kokbalangake, lan sapiturute.
- 3. Tembung watak
Tembung watak yaiku tembung sing mratelake sesipatan
utawa kaanane barang. Tuladha: boyok pegel, arum ayu lan sapiturute.
- 4. Tembung katrangan
Ing basa Indonesia diarani kata keterangan
(adverbia). Tembung katrangan yaiku
tembung kang aweh katrangan marang tembung liya.
Tuladha: bisa, pancen, nembe, saestu, ora, radi,
isih, lan sapiturute.
- 5. Tembung sesulih
Ing basa Indonesia diarani kata ganti (pronomina).
Tembung kang digunakake sesulih uwong, barang, utawa apa bae kang dianggep
barang.
Tembung sesulih ana 6:
a.
Sesulih purusa
b.
Sesulih pandarbe
c.
Sesulih panuduh
d.
Sesulih pitakon
e.
Sesulih
panyilah
f.
Sesulih sadhengah
- 6. Tembung wilangan
Ing basa Indonesia diarani kata bilangan
(numeralia). Tembung wilangan yaiku tembung kang mratelakake gunggunge barang.
Tembung wilayang kaperang dadi 3:
a.
Wilangan babon/wilangan wutuh, yaiku:0-9
b.
Wilangan susun
Wilangan
iki kanggo ngandhakake urutaning jumlah, kayata: kapisan, kaping pitu, kaenem,
kaping sangan, lan sapiturute.
c.
Wilangan pecahan
Wilangan
kang gunggunge ora nganthi siji, kayata: seprapat (seprasekawan), siji telung
prapat (loro kurang seprapat), lan sapiturute.
- 7. Tembung panggandheng
Ing basa Indonesia diarani kata sambung (konjungsi).
Tembung panggandheng yaiku tembung kanggo nggandhengake ukara liyane murih
ukara dadi dawa. Tembung-tembunge kayata: tinimbang, nadyan, wiwit, ning,
kanthi, lan sapiturute.
- 8. Tembung ancer-ancer
Ing basa Indonesia diarani kata depan (preposisi).
Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa
ngancer-anceri tembung aran. Tembunge winates kayata: supaya, kaya, kanggo,
ing, lan sapiturute.
- 9. Tembung panyileh
Ing basa Indonesia diarani kata sandang (artikula).
Tembung panyileh yaiku tembung kang dinggo nyilahake patrap, barang, utawa
ssawijining bab. kang klebu tembung panyilah yaiku: sang,sri, ingkang, sing,
kang, lan para.
- 10. Tembung panyeru
Ing basa Indonesia diarani kata seru (
interjeksi). Tembung panyeru yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa
seneng, kaget, kuciwa, kagelan, susah, lan gumun. Kang klebu tembung ing kene
yaiku: lha, lho, o, hore, wah, duh, lan sapiturute.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar